Beksan Sanghyang

Jogèd Sanghyang, salah satunggaling jinis jogèd ing tlatah Bali

Beksan Sanghyang inggih punika salah satunggaling jinis teater tradisi ing Bali ingkang dipunsuguhaken ing wujud jogèd ingkang sipatipun religius lan mliginipun gadhah fungsi minangka jogèd penolak bala utawi wabah lelara [1]. Dumugi Sapunika, Jogèd Sanghyang boten dipunwontenaken namung dados panglipur utawi tontonan kémawon[2]. Jogèd Sanghyang minangka jogèd kerauhan (kesurupan) amargi klebetan hyang, roh, bidadari kahyangan, lan kéwan sanèsipun ingkang gadhah kekiyatan ngrisak kados ta babi hutan, munyuk, utawi ingkang gadhah kekiyatan ghaib sanèsipun.[2].

Jogèd punika minangka warisan budaya Pra-Hindhu ingkang dipunmaksudaken minangka penolak bebaya, inggih punika kanthi mbikak komunikasi spiritual saking warga masarakat kaliyan alam gaib. Jogèdan punika dipunbektakaken déning penari putri punapa déné putra kanthi iringan paduan swara kakung lan wanita ingkang nyekaraken tembang-tembang pemujaan. Ing laladan Sukawati-Gianyar, jogèd punika ugi dipuniringi kanthi Gamelan Palegongan. Ing salebeting jogèd punika pesthi wonten tigang unsur wigati, inggih punika asep/geni, Gending Sanghyang lan medium (tiyang utawi bonékah).[3]

  1. Margono dan dkk. Apresiasi Seni 2 Seni Rupa & Seni Teater. 2005. Jakarta. Penerbit: Yudhistira
  2. a b Situs Babadbali (diakses pada tanggal 22 Desember 2012
  3. [1]

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search